About

Sabtu, 12 November 2011

Jogja Hiphop Foundation - Jula-Juli Lollipop

lagu dari Jogja Hiphop Foundation yang bertemakan seseorang yang dulunya tidak bisa apa apa sekarang menjadi serba bisa dan hidupnya serba tercukupi. Ingin download?? klik disini


Dan berikut adalah liriknya...



reff:
ngemut permen, permen lolipop
bunder tur gepeng rasane legi
kepengen beken pengen dadi ngetop
karyane laris tur senine mati 2x


jaman saiki kabeh do blereng matane
podo nuruti pasar apa pesenan
ngeple wis dadi caraku golek pangan e
seni ra penting sing panting entuk duit e


inspirasine wis ilang dipendem mati
rasa solidaritas e wis podo lali
karya seni kontemporer jaman saiki
mung koyo emutan ning ilat krasa legi


sing dibojo nilai rupiah lan dolar e
golek cara ben payu laris dagangan e
karya senine lali nggambarke rakyat e
rakyat sing urip sengsara apes nasib e


back to reff

ana kancaku sing kepengen dadi artis
pancen dasar bocah e senengane narsis
banjur tingkah polah e mung sing manis-manis
malah koyo permen rasane krinyis-krinyis


nek tak pikir-pikir kok koyo tukang kayu
mung waton ngemali apa-apa sing payu
seni saiki nurut i pasar mlaku
dadi bakulan asal tau sama tau


saya suwe dodolan e kok saya payu
tambah sugih wong e urip e tambah maju
omah e dadi gedung dicet werna biru
gedhe madrong-madrong kamar e ana pitu


back to reff
jaman mbiyen iseh ngonthel numpak pit onta
saiki wis numpak mobil gedhe tur dawa
tuku apa-apa ra perlu ndelok rega
padahal ndisek sering njaluk aku sega


jaman semana iseh ramah karo aku
kok saiki sikap e malih dadi kaku
ganti hape nganggo hape tipe terbaru
seneng mung blonjo karo mlaku-mlaku


omah e rame diparani bos kagol
takon apa ana karya sing siap didol
karya seni koyo dagangan jenang dodol
seni kok saya mawut wis modhol-modhol


back to reff

Tidak ada komentar: